Mawar

Mawar
Mawar

Minggu, 04 Maret 2012

Pramugari Suroboyoan

cewekcantik5.jpg
“Isuk poro penumpang
sakkabehe.. “
Engkok lek motomu
pedhes, opo kupingmu
kroso kophok’en, ndang
untal’en permen’e yo..
Engkok ben slamet, tulung
delok’en iki , yak opo
carane masang sabuk
Yok opo ngancinge ben
gak coplok, ben kenceng,
trus yok opo carane
nyoplok..
klambi plampung ono
ndhek ngisor kursimu,
ojok mbok nggo sik,
enten’ono Pakdhe Kapiten
ngekek’i woro2..
Iko ojok mbok pindah2,
opo maneh mbok gowo
muleh, opo mbok gawe
adah uyuh..
Timbang tak pancal
ndhiasmu ngarep mburi..
Ngerti gak ?!
Iko nggo klambi
plampung’e, lebokno
lewat tholok, kancing’en
sabuk’e nok ngarep, ojok
kekencengen, engkok
bingung gak isok
ambegan malah matek
ngrepoti koncone…
Iko isok mbok sebul, sing
penting ababmu gak
mambu batang tekos…
Ben isok ngambang ndhek
mbanyu, tarik’en
penthil2an werno abang
mbranang jambu bol iko.
eling, tariken dhek njobo
psawat, ngko gak isok
metu nek ndhok njero..
mlembung gede jehhh,
lawange gak sedeng, msti
nyantol’e…
nek arep metu tekan
pesawat, antri yo, baris
koyok sowang2an,
holopis kuntul baris…
Nek ambegan’e wis mulai
angel
Iko masker oksigen logor
dewe tekok nduwur’e
ndhiasmu,
kop warna kuning2 iko
nggon’en
wong sitok, sitok ae..
Ojok rebutan, ngisin2i…
kertu petunjuk darurat
ono ndhek sak kursi
ngarepmu,woco’en
Ojok diapalno
Ngono sek Ɣªªªãå
pakdhe,mbokdhe,paklek,b
cak,ning,tole,wuk…
ojok prengesan, ojok
pcicilan..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar